TEMBUNG RANGKEP (KATA ULANG) PARAMASASTRA

8:29 AM
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pndho bisa sekabehing tembung utawa mung sawanda. Tembung rangkep ana telung macem, yaiku:
1.    Tembung dwilingga
Tembung dwilingga yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabehlinggane.
a.     Dwilingga padha swara
-         Abang-abang
-         Guru-guru
-         Kewan-kewan
-         Bapak-bapak, lsp
b.    Dwilingga salin swara
-         Mloka-mlaku
-         Bola-bali
-         Wira-wiri
-         Molak-malik, lsp
c.      Dwilingga semu
-         Athi-athi
-         Undur-undur
-         Ondhe-ondhe
-         Andheng-andheng, lsp
2.    Tembung dwipurwa
Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wandha sing ngarep
Tuladha:
-         Lelaku
-         Lelumpuk
-         Geguyu
-         Tetuku
3.    Tembung dwiwasana
Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wandha sing mburi.
Tuladha:
-         Besisik
-         Cengingis
-         Cekikik

-         Nyuwewek, lsp
0 Komentar

Peta Nusantara